Gegambaran Desa Banjarejo (Profil Desa Banjarejo)

30 April 2014 17:23:24 WIB

GEGAMBARAN DESA BANJAREJO

 

“Tasik arga myang wana wasa mangkya sasanane buron samya dadya pangupa jiwa sakehing dumadi”

 

Kawontenan Alam lan Pasiten

Banjarejo kapetang salah satunggaling Desa ing tlatah Kecamatan Tanjungsari  Kabupaten  Gunungkidul Daerah Istimewa Yogyakarta. Menggahing kawontenan wilayah Desa Banjarejo inggih punika alam pareden,  sak kanan keringipun leket ingkang dados papan tandur tuwuh kadang among kisma warga masarakat Desa Banjarejo. Kathahipun wit-witan ingkang katiyuping samirana wonten Desa Banjarejo damel adhem, sengsem lan endahing suwasana. Punjering paprentahan mapan wontening Padhukuhan Padangan.

 

Wewengkon Desa Banjarejo kinupeng desa-desa sanes ing tlatah Kecamatan Tanjungsari lan sawatawis kecamatan sanesipun wontening laladan Kabupaten Gunungkidul minangka tapel watesing Desa Banjarejo. Menggah watesing wewengkon Desa Banjarejo inggih punika ;

  1. Iring lor winatesan kaliyan Desa Kemiri,  Kecamatan Tanjungsari, Desa Hargosari, Kecamatan Wonosari, kaliyan Desa Mulo, Kecamatan Wonosari
  2. Iring wetan winatesan kaliyan Desa Ngestirejo lumebet laladan  Kecamatan Tanjungsari,
  3. Iring kidul winatesan Samudra Hindia,
  4. Iring kulon winatesan kaliyan Desa Kemadang Kecamatan Tanjungsari.

Photo 1. Peta Desa Banjarejo ketingal saking Google Earth

Desa Banjarejo mujudaken satunggaling tlatah ingkang angadhahi tata paprentahan ingkang sah lan sampun dipunakeni dening Paprentahan Pusat.

Desa Banjarejo mujudaken paprentahan ingkang anggadhahi ;

  1. Wilayah hukum kanthi tapel wates ingkang gumathok.
  2. Wonten warga ingkang mapan wontening tlatah/wilayah hukum.
  3. Wonten tatacara/adat lan pranatan pinangka paugeraning brayat agung.
  4. Sampun jumbuh kaliyan paugeraning nagari lan dados peranganing nagari ingkang boten saged kapisahaken.

Jumbuh kaliyan paugeran nagari, pamarentah desa utawi kalurahan nglampahi pranatan pusat lan daerah. Ingkang mekaten bebadan lan lembaga ingkang ngesuhi desa ugi sesebatanipun ndherek pranatan ingkang wonten.

Kawontenaning pasiten ing Desa Banjarejo  mujudaken pasiten tegal, pekawisan, pereng-pereng lan sanes-sanesipun. Ing papan ingkang miring kathah sela-sela ingkang saged dipun ginakaken mawarni-warni kabetahaning tiyang.

Panguwaosaning siti ing Desa Banjarejo  saged kapilah-pilah, kadosta ;

  1. Siti ingkang dipun kuwaosi dening pamarentah desa inggih punika siti-siti kas desa.
  2. Siti ingkang dipun kuwaosi dening pamarentah inggih punika siti kahutanan lan sanes-sanesipun.
  3. Siti ingkang dipun dadosaken hak milik perorangan turun temurun.
  4. Siti kagungan Dalem Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat.

Wiyaring tlatah Desa Banjarejo kirang langkung wonten +-15.724.800 m2. Tebih caketing papan paprentahan Desa Banjarejo dumugi Kantor Kecamatan Tanjungsari 5 Km, dumugi Kantor Kabupaten Gunungkidul 21 Km, dumugi Kantor Pamarentah Daerah Istimewa Yogyakarta 62 Km.

 

Wewengkon Padhukuhan

Desa Banjarejo  mengkoni selikur padhukuhan ingkang dumados saking ;

  1. Pedhukuhan Wonosobo I
  2. Pedhukuhan Wonosobo II
  3. Pedhukuhan Melikan
  4. Pedhukuhan Wonosari
  5. Pedhukuhan Wuluh
  6. Pedhukuhan Padangan
  7. Pedhukuhan Ngepoh
  8. Padhukuhan Kunang
  9. Padhukuhan Weru
  10. Padhukuhan Klepu I
  11. Padhukuhan Klepu II
  12. Padhukuhan Jambu
  13. Padhukuhan Jarah I
  14. Padhukuhan Jarah II
  15. Padhukuhan Jarah III
  16. Padhukuhan Sangen I
  17. Padhukuhan Sangen II
  18. Padhukuhan Keruk I
  19. Padhukuhan Keruk II
  20. Padhukuhan Keruk III
  21. Padhukuhan Keruk IV

Pangaribawa warga tumrap wewengkon  sanget ageng, semanten ugi tata rakiting wewengkon saged handayani tata tentreming warga.

Awit ingkang mekaten wau antawisipun wewengkon  lan warga boten saged kapisahaken, karana kekalihipun tansah manunggal. Menawi katiti sakeplasan, warga Kalurahan Banjarejo sampun kagantha-gantha dados 21 kelompok warga ingkang satunggal lan satunggaling boten sami.

Kersanipun pamarentah ngawontenaken pedhukuhan-pedhukuhan punika boten kangge benten-bentenaken satunggaling kelompok warga kaliyan kelompok warga sanesipun, ing babagan punika kaajab kanthi wontenipun pedhukuhan-pedhukuhan kala wau sageda ngripta  lampahing paprentahan wiwit pusat ngantos dumugi kelompok-kelompok warga ingkang alit piyambak. Pramila dhukuh anggadhahi jejibahan  luhur  paring patuladhan dhumateng warga  tumuju manunggaling sedya, luhuring budaya, santosaning agama, bangsa lan nagari. Kanthi mekaten saged langkung terwaca, bilih kawontenaning wewengkon lan warga wontening Desa Banjarejo naming satunggal, inggih punika wewengkon  lan warga Desa Banjarejo.

Warga Desa Banjarejo  tansah ngleluri budaya adiluhung tilaranipun para leluhur ing kina pinangka ngurmati labuh labet bekti lan amanah ingkang dados piwucal luhur para sepuh.

Sedaya warga masarakat tansah nggegulang gadhahi raos kurmat kinurmatan, andhap asor, lung tinulung, gotong royong, asah asih lan asuh. Agami minangka landesan gesang, pager, pepadhang, pengayom lan pengayem, panuntun kiblating manembah dhumateng Ingkang Maha Kawasa.

 

 

Warga

Gunggung warga Desa Banjarejo ing palaporan Desa Warsa 2018;

  • Warga Kakung : 2.961 tiyang
  • Warga Putri : 3.096 tiyang
  • Gunggung sedaya             : 6.057  tiyang

Warga kasebat kedadosan saking 1.961 Kepala Somah.

  1. Peranganing Umur

Warga Desa Banjarejo  miturut yuswanipun ing Warsa 2018 kados kaserat ing ngandap punika ;

No

Yuswa

Gunggung Warga

K

P

K+P

1

0 – 15

511

455

966

2

15 – 65  

2.003

2.083

4.086

3

65 -

447

558

1.005

 

Gunggung

2.961

3.096

6.057

 

  1. Ngudi Ngelmu

Pepeling leluhur jawa, bilih ilmu iku tinemune kanthi laku. Tegesipun, bilih ilmu punika kedah sesarengan kalih dipun lampahi. Boten saged ilmu namung dipun sinau, nanging boten dipun lampahi.

Wonten ing Desa Banjarejo sanadyan tebih saking kitha gara tansah budidaya murih warga saged lantip ing pamikir,  sawatawis sami ngudi ngelmu ing pawiyatan luhur pinangka wahana ngudi ngelmu ing tembe dadosa sanguning agesang.

Menggah pawiyatan ing Desa Banjarejo kados katuraken ing ngandhap punika ;

No

Pawiyatan

Gunggung Warga

K

P

K+P

1

Boten/Dereng Sekolah

757

918

1.675

2

Dereng Lulus SD

220

248

468

3

Lulus SD

1.108

1.184

2.292

4

Lulus SMP

582

523

1.105

5

Lulus SMA

258

192

450

6

Lulus Diploma I/II

7

4

11

7

Lulus Diploma III

7

8

15

8

Lulus Strata I

21

19

40

9

Lulus Strata II

1

0

1

10

Lulus Strata III

0

0

0

 

Gunggung

2.961

3.096

6.057

 

 

  1. Pangupa jiwa utawi Pakaryan

Saperangan ageng warga Desa Banjarejo sami makarya olah tetanen utawi among tani.  Satemah Pamarentah Desa Banjarejo tansah mbudidaya undhaking panggesangan lumantar among tani.

Tegalan ingkang wiyar wonten ing Desa Banjarejo pinangka tanda yekti menawi warganipun kathah ingkang olah tetanen. Namung wonten ugi ingkang buruh, wira karya, pegawai negeri, lan sanes sanesipun.

Warga Desa Banjarejo dumugi wekdal punika taksih teguh anggenipun gegondhelan dumateng piwucal para leluhur nglampahi laku ingkang gapyak sumarak, ugi remen nindakaken gotong royong. Katitik saking hambok bilih wonten sanak keluarga punapa magersari, mitra karuh nggadhahi damel utawi hajat, kadosta dandan griya, ewuhan lan sapanunggilipun, sedaya sami ngenthengaken  salira anggenipun paring pambiyantu ingkang awujud penggalihan, tenaga malah kepara  sawatawis prabeya kagem ingkang kagungan damel punika. Bumi Banjarejo bumi ingkang pun berkahi dening Gusti Ingkang Maha Agung. Katitik para kadang tani anggenipun olah kridha tetanen tansah ngasilaken wulu wetu ingkang murakabi. Kadosta nandur gabah panen pari, nandur bonggol panen tela lan sanes sanesipun. bebasan apa sing di tandur tuwuh, apa sing di sabda dadi, hanjalari Desa Banjarejo dados satunggaling desa kang mirah sandhang kalawan boga.

Saperangan warga Desa Banjarejo ugi nindakaken pakaryan ngingah raja kaya tuwin iwen. Wonten ingkang ngingah ayam kampung, mendha ugi lembu.  Lan saperangan warga  Desa Banjarejo  sami ngingah ayam leghor lan ayam patelur. Ugi wonten warga ingkang dados nelayan, amargi sak kidulipun Desa Banjarejo winatesan kaliyan Samudra Hindia.

 

 

 

  1. Kabudayan wonten ing wewengkon Desa Banjarejo

Warga Desa Banjarejo  tansah ngleluri budaya adiluhung tilaranipun para leluhur ing kina pinangka ngurmati labuh labet bekti lan amanah ingkang dados piwucal luhur para sepuh, antawisipun;

  1. Reog
  2. Jathilan
  3. Terbangan
  4. Gejok Lesung
  5. Rasulan
  6. Mitoni
  7. Sadranan
  8. Suran
  9. Gumregan
  10. Genduren

(Sumber: Adeging Banjarejo)

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung