Adeging Banjarejo (Sejarah Banjarejo)

30 April 2014 17:20:39 WIB

ADEGING BANJAREJO

  1. Kelurahan Keruk kaliyan Kelurahan Padangan

Mataram islam mujudken Kerajaan ingkang kondhang kaloka ing wewengkon Tanah Jawi sasampunipun Kerajaan Pajang dados kaleh sasampunipun Perjanjian Giyanti nalika 13 Februari 1755 menika  hasil pirembagan antawisipun  VOC, Kasultanan  Mataram ingkang dipun slirani Pangeran Mangkubumi lan Paku Buwono III, Mataram Islam dados kaleh inggih menika Kasunanan Surakarta lan Kerajaan Mataram Ngayogyakarta Hadiningrat. Kanthi Kerajaan Mataram Ngayogyakarta Hadiningrat sampun kedadosan tamtu kemawon  Kathah Nayakan saha pengageng keratin ingkang  jajah desa milang kori ing tlatah Kerajaan Mataram Ngayogyakarta Hadiningrat, kalebet wonten Trah kusuma rembesing madu wijili wong andana warih ingkang dumugi woten ing tlatah Padangan lan Keruk ingkang sinebat Tumenggung Reso Dikromo, Reso sentono lan Resi dipura. Jejibahan punggawaning keraton inggih menika jejegaken Kerajaan Mataram Ngayogyakarta Hadiningrat saking  VOC utawi walandi.

Nalika semangun bumi Padangan sampun wonten Karang pradesan lajeng Bumi Keruk taksih Trukan ingkang awujud alas gung liwang Liwung. Jalma Mara Jalma Mati Sato Mara Sato mati. Anggenipun Babad Alas ing Bumi Keruk supados dados karang Pradesan dipun biyantu kaliyan Iro Dikromo saking Keruk lan Marto Diwiryo saking Padangan. Kekaleh tiyang menika sejatosipin taksih wonten alur waris  utawi sederek saking simbah wasiyem dados sami-sami buyut. Nalika Babad Alas dipun pandegani 3 nayaka praja kasebat kabiyantu dening Simbah Iro Dikromo lan Simbah Marto Diwiryo. Sasampunipun dipun babad lajeng masyarakat wiwit mapan wonten papan menika. Salajengipun Iro Dikromo dipun dadoskaen Lurah Keruk lan Marto diwiryo dados lurah Padangan nalika semanten nderek abawat kawedanan munggi.

Nalika semanten Padhukuhan ingkang kalebet wonten ing Kalurahan Keruk inggih menika:

  1. Keruk I
  2. Keruk II
  3. Sangen
  4. Jarah I
  5. Jarah II
  6. Jambu
  7. Klepu
  8. Wonosobo

Ingkang kalebet wonten ing Kalurahan Padangan inggih menika:

  1. Weru
  2. Padangan
  3. Ngepoh
  4. Kunang
  5. Sari
  6. Wonosari
  7. Wuluh
  8. Melikan

Sak sampunipun Simbah Iro Dikromo sedo pun gantos kaliyan Simbah Sastro Suwarno. Simbah Sastro Suwarno menika putranipun Simbah Warso Dinomo, ugi putu saking Simbah Iro Dikromo.

Sak sampunipun woten pranatan Maklumat RI 5 Tahun 1948, 22 april 1948 bilih nami Kalurahan Padangan kaliyan Kalurahan Keruk dipun dadosaken setunggal kanthi nami Banjarejo. Banjar menika tegesipun Dowo awit menawi dipun tinggali sitinipun menika awujud  lelarikan dawa. Reja tegesipun tentrem sarta kathah wonge.

 

  1. Desa Banjarejo

Desa Banjarejo kawujud saking kalih Kalurahan ingkang dipun lebur utawispun ingkang dadosaken setunggal desa miterat pranatan Maklumat RI 5 Tahun 1948, 22 april 1948. Wondene Banjarejo kawujud saking Bajar lan Rejo. Banjar artosipun dawa, Rejo artosipun tentrem, guyub.

Lurah sepisan ingkang ngasta wonten ing Desa Banjarejo inggih menika Simbah Radiyo Sentono. Simbah Radiyo Sentono menika, putra mantu saking Simbah Lurah Padangan, Simbah Marto Diwiryo.

Lurah ingkang nate ngasta Desa Banjarejo antawisipun;

  1. Radiyo Sentono
  2. Rahmanto
  3. Lagiyo Marto Raharjo
  4. Pj Suwardi
  5. Suradi
  6. Pj Aris Darmawan, SE
  7. Pj Adib Fatoni, BA.SIP
  8. Dwi Haryanto

 

(sumber: Adeging Banjarejo)

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung